PENJARA SUCI: SEJUTA WARNA SEJUTA CERITA NYANTRI DIPONDOK SUCI.

Hay sobat blogger. Kali ini saya ingin share pengalaman tentang suka duka mondok atau nyantri dipondok pesantren atau yang identik dengan sebutan penjara suci.
Lohh kok penjara suci??
Ya penjara suci!. Untuk lebih jelasnya yuk kita baca pengalaman nyantri di pondok suci yang di share oleh kontributor kami mbak Laila Ramadhani
Ada yang unik dari cerita ini yaitu ditulis dengan tutur bahasa jawa halus. Walaupun ditulis dengan tutur bahasa jawa hal ini tidak mengurangi isi makna dan pesan dari isi cerita tapi malah makin menambah daya estetika cerita.
Yuk langsung aja kita simak ceritanya. Semoga bermanfaat.

PENJARA SUCI




Dening: Laila Ramadhani
Penjara suci yaiku sebutan kang biasa aku lan kanca-kanca nyebut panggonan kang tak enggoni yaiku pondok pesantren. Kasebut penjara suci amarga ing mriku punapa mawon diatur, mboten angsal dolan,mbekta hp, nonton tv, mirengke radio, jagongan kalih piantun jaler, lan katah maleh peraturanipun. Saengga pondok iku kados penjara ananging peraturan lan laranganipun sae lan kagem kesaenan sedaya santrinipun, dados kita nyebut pondok iku kados penjara ananging suci.
Suci saking maksiat lan perkara kang ala lan mboten sae, amargi wonten mriku. Santrinipun saben dinten namung ngaos, sinau, ngaji lan sakpiturute.
Kula dados kemutan wektu pisanan mlebet ing mriku. Kula kang nembe lulus SMP lajeng nyuwun kalian bapak supados mondokke kula wonten ing pondok pesantren, riyine kula kepengen sanget mondok wonten ing Lirbaya, yaiku pondok pesantren ageng kang manggon wonten ng kediri, Jawa timur. Ananging amargi ibukke kula kang mboten marengke, saengga kula pados pondok kang caket saking griya, amargi niatipun ibuk, supados kula saget wangsul saben minggu.
Wektu iku, atiku rasane ora karuan, wedi lan dek-dekan, amargi kula bakal ketemu rencang enggal, panggonan enggal, lan suasana kang enggal ugi.
Sepindah kula lan bapak sowan kaleh pengasuh pondok, injih menika K.H Drs. Nawawi Syafi’i pengasuh Pondok Pesantren Roudlotus Sholihat kang mapan wonten ing Dukuh Batur, Desa Tegalreja, Kecamatan Ceper, Kabupaten Klaten.
Wekdal sowan kula namung mendel amargi radi redi, namung bapak kang jagongan kalih mbah yai. Sepindah kepanggih mbah yai, rasane wonten ati dados adem ayem, sinawang sumehe lan aluse anggenipun ngendika, mungkin ngoten menawi kyai kang gadahi katah kesaenan, menawi namung nyawang mawon wonten ati rasane sampun ayem.
Sejam sampun kalampah, mboten dangu wonten piantun setri kang kinten-kinten yuswanipun setengah baya, mboten klentu maleh menawi niku ibu nyai garwanipun mbah yai, Wajah sumeh namung radi grapyak tinimbang mbah yai, lajeng kula cucup astanipun ibu nyai, sak sampunipun jagongan, ibu nyai nimbali bocah wadon kang taseh enom, ngagem sarung, klambi putih, semana uga kulit lan wajahe putih,
“mbak Zuli?” ngendikanipun ibu nyai.
“injih bu, wonten dawuh napa?”
maturipun bocah wadon iku kaliyan ndungkluk kaya-kaya golek duet ana ing ngisor karpet.
“iki lo enek santri anyar, mbak Laila namine, ayo ndang dijak nang pondok putri”.
“injih buk, sendiko dawuh.
Monggo mbak.” Jawabe mbak Zuli alus. Nanging kula namung guyu,
lajeng pamitan kalih bapak “pak, kula nyuwun donga restu mugi-mugi diparingi gampil anggenipun ngudi ilmu” matur kula kalih bapak.
“ya mbak, ngaji sing tenanan, supaya dadi wong kang miguna mbesuke” ngendikane bapak kalian ngelus sirahku.
Radak mbrebes eluhku nanging tak tahan, amargi kula isin kalih ibu nyai.
Kula kalih mbak zuli lajeng mlampah tumuju pondok ipun, kinten-kinten 50m saking dalemipun ibu nyai injih menika pondok putri kang bakale kula panggoni.
Gerbang ijo kang kebuka amba mugi-mugi kados niatku kang legawa pengen dadi wong kang miguna.
“Assalamu’alaikum?” sanjange mbak zuli maringi salam kalian sedaya rencang-rencangpondok kang wonten ing ndalem.
“Wa’alaikumsalam” Jawabe bocah-bocah kang serempak. Pancen grapyak, nambahi atiku seneng mlebu ing mriku.
“mbak lela, monggo mlebet?” tuture mbak zuli kang gandeng tanganku, ngajak mlebet wonten ing salah setunggaling kamar ing pondok niku.
Kula kang sak temene tiang kang crewet, katah guyon, namung wektu iku ndonyo kaya kuwalik, laila kudu mendel lan anteng.
“mbak lela, kenalke..aku mbak Umi saking boyolali, biasane ditimbali mium”. Salah setunggaling bocah wadon kang ngajak kenalan aku.
“njih mbak ummi kula laila, ditimbali lela njih mboten napa-napa” jawabku radak alus.
“alah ngapa si um? Eh aku Sulastri emmm tapi njelukke Astri ae ya, khan apik” pituture setunggal malih mbak pondok kang ngajak kenalan.
Lekas iku dados katah mbak-mbak pondok kang ngajak kenalan.
Wedal siang kang sae, lajeng wayah mlampah dumugi jam 5, wayahipun para santri siap-siap tadarus lajeng shalat magrib. Kula kang tiang enggal terus-terusan diajari mbak zuli, mbak umi, mbak tri, mbak je, mbak nda, mbak siti,mbak ismi lan katah maleh mbak pondok kang sampun kula kenal.
Rasane ati sampun mantep wonten ing mriku, amargi gadahi rencang-rencangkang sae.
Wonten ing mriku saben dinten entene namung ngibadah maring Gusti Kang Gawe Urip njih menika Allah Swt. Amargi awit tabuh 03.00 enjang Ibu Nyai supados kesah wonten pondok lan ngajak sedaya putrinipun shalat tahajud lajeng ndarus al-qur’an, menawi saget njih ngantos enjang. Tapi dasare ati dereng saget tawadu’ kados Ibu Nyai, njih mboten sekedek kang ketarane ndarus ndingklukke sirah ananging tilem, wonten malih kang ketarane wiridan ananging nglindur, lan kirangan napa kang diwaos, kadang menawi Ibu Nyai persa, Ibu namung dehem napa kadang maos al-qur’ane radi dibanterke.
Paling nganyelke niku santri njih mireng mangke tangi ndarus maleh mboten dangu tilem maleh, sampun jatahe tiang pondok, wonten mawon gaweane.
Lajeng ba’da subuh kula lan rencang-rencangwonten sekolah enjang, njih menika madrasah kang manggenipun wonten ing pondok putra, kinten-kinten 50m saking pondok putri, pelajaran ingkang diasto mboten kok kados sekolah-sekolah umum, ananging kitab kuning, yaiku kados buku ananging warnanipun kuning radi coklat, wonten ing kitab niku wonten pelajaran fiqih, ilmu bahasa arab, lan sakpiturutipun.
Kula kang taseh enggal wonten mriku namung ndomblong, nyawang tulisan kang rengket lan huruf arab sedanten, gumunku bocah-bocah pondok pada lancar anggene maos, ananging perkawis niku kang marai kula tertarik pengen saget maos kitab kuning lan kitab lintunipun.
Wonten ing madrasah mboten namung santri putri ingkang ngaji, ananging injih wonten santri putra. Saengga wonten ing mriku saget kenal kalih piantun jalir, ananging bentenipun sekolah umum kalih pondok pesantren.
Menawi teng sekolah umum angsal jagongan, lenggah bareng kalih rencang jaler, benten kalian pondok, pancen setunggal kelas kalih tiang jaler ananging, mboten diparengke jagongan napa malih lenggah bareng utawi cerak, amargi wonten ing pondok sedaya perkawis kang ala dilarang.
Lajeng sak sampunipun madrasah, kinten-kinten wanci jam 09.00 sedaya santri putri ngaos al-qur’an, antri kaya sepur, kadang nganti ngantok-ngantokanggene ngenteni giliran, saking katahe santri kang antri.
Ngaos al-qur’an sampun cekap wancine siap-siap shalat dzuhur lajeng ngaos kitab kuning malih dumugi jam setunggal, kula kang tasih enggal wektu iku ngrasa ngantuk lan pengen leren, amargi dereng kulina.
Sak sampunipun ngaos kitab kuning, yaiku wayah kang ditunggu-tunggu injih menika saget istirahat sekedap. Wonten ingkang tilem, petan kalian ngrumpi, wonten ugi piantun kang sregep njih maos al-qur’an napa maos utawi sorogan kitab.
Mboten keraos manjing asar, ba’da shalat asar wonten wedal setunggal jam kirang, kagem adus lan tata-tata kagem ngaos kitab kuning malih. Kamar mandi kang namung sepinten dingge antri puluhan tiang. Menwi ngendikane tiang jakarta “budayakan antri”. Kadang wayah ajeng shalat asar padha isik-isikan nutup lawang kamar mandi.
wektu pisanan kula mondok, kula namung mendel ngrasa aneh ngertos bocah-bocah pondok, ananging iku kang marai kula kangen kalih tiang-tiang kang riyen dadi konco urip.
Penjara suci iku panggonan kang bakal thak eleng-eleng, injih ibu bapak yaine, santri-santrine, panggonane lan paling kangen polahe bocah-bocah pondok. Amargi wonten ing mriku kula saget nemokke rencang-rencangkang sae, ngajari kula kesaenan ugi.
Cara maem bareng ing nampan utawa baki, kadang nganggo godhong gedang, adus bareng, ngumbahi bareng, shalat bareng, ngaos bareng, kadang menawi nembe mboten gadah arto, podho njilihi malah kadang maringi, klambi siji dinggo bareng-bareng, kadang menawi sakit rencang pondok ngluwihi dokter kang pinter ngopeni pasiene, kados ibu kang sayang tanpa imbalan.
Lelakuku awit mlebet pisanan wonten ing pondok dumugi kula cekap anggene ngudi ilmu, katah kenangan kang lumampah sareng rencang-rencangpondok, amargi sampeyan sedaya rencang urip sejatiku, sakderenge kula ketemu rencang urip kang bakal ngimami saben-saben perkawis kang tak lampahi
.
Mugi2 kita kalebet wanita-wanita sholihah amin
By: Laila Ramadhani



Foto: Serba-serbi kehidupan pondok






2 Comments

Leave a Reply